SESORAH
Nuwuhaken Tresna Bab Basa, Sastra, lan Budaya Jawa
Nuwun,
Agunging
pakurmatan konjuk dhumateng para rawuh, kakung sumawana putri,
mirungganipun dhumateng para kadang mudha ingkang tansah manggih
karaharjan. Nyuwun agunging pangaksama wondene kula sampun kumawantun
ngadeg matur wonten ing ngarsa panjenengan sadaya, nun inggih awit
saking adrenging manah anggen kula badhe ndherek urun rembag menggah
babagan kawontenanipun budaya Jawi tumrap generasi mudha.
Para lenggah ingkang kinurmatan,
Ing
kalodhangan wekdal menika kula badhe ngaturaken andharan ingkang
magepokan kaliyan prekawis tresna marang budaya Jawi kanthi sesirah: “Nuwuhaken raos tresna budaya Jawi tumrap generasi mudha kanthi nyinau basa, sastra tuwin budaya Jawi”.
Minangka purwakaning andharan sumangga tansah ngaturaken puja-puji
panuwun dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang datan kendhat
tansah paring lumunturing kanugrahan tumanduk dhumateng kula lan
panjenengan sadaya. Saengga kanthi kanugrahan gadhuhaning Gusti makaten
kalawau, ing kalenggahan menika kula lan panjenengan sadaya kuwawi
kempal kanthi kebak ing karaharjan miwah kabagaswarasan, kalis ing
rubeda nir ing sambekala.
Para lenggah ingkang satuhu bagya mulya,
Sampun
kasub bilih Ngayogyakarta menika katelah kitha pendhidhikan, ingkang
tegesipun minangka papan ngangsu kawruh menggahing samukawisipun ngelmi
tumrap para siswa ingkang mijil saking laladan Ngayogyakarta menapa dene
kitha sanes ing wewengkon nuswantara, kepara malah wonten ingkang
saking negri manca. Ngayogyakarta ugi mujudaken kitha budaya, awit
Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat minangka punjering kabudayan adiluhung
Jawi ing tlatlah propinsi Daerah Istimewa Yogyakarta, dumugi ing
samenika taksih nguri-uri adat budaya Jawi murih mekar saha
ngrembakanipun. Manut ewah gingsiring jaman, kanyata samenika kathah
para mudha saking laladan Ngayogyakarta piyambak ingkang sampun kesupen,
nglirwakaken, kepara malah nilaraken bab basa, sastra tuwin budaya Jawa
menika. Temtunipun prekawis menika dados tanggeljawab saha penggalihan
kula lan panjenengan sedaya.
Para lenggah ingkang satuhu kinurmatan,
Kula
pitados bilih para lenggah, para sutresna Jawa menika boten badhe lila
menawi basa, sastra tuwin budaya Jawi menika ical kasileb ing jaman,
kerem ing kahanan, kasoran dhateng budaya sanes. Sedaya menika boten
cekap namung dipuneman-eman kemawon, ananging betah lampah, penggalihan,
kepedulian, kawigatosan, tuwin lampah nyata ingkang kedah
katindakaken magepokan kaliyan babagan menika. Kadospundi saha menapa
kemawon kupiyaning kula lan panjenengan sedaya murih masyarakat Jawa,
mliginipun para generasi mudha ingkang dados agul-aguling bangsa menika
nresnani saha nggilut dhateng budaya Jawa?
Para lenggah ingkang satuhu bagya mulya,
Mangga
samya nglodhangaken wekdal, nglonggaraken saha ngeningaken penggalih
kagem nintingi sedaya menika. Wonten ing era globalisasi samangke,
bangsa Indonesia katuntut siaga saha tanggap ing babagan menapa kemawon
kalebet ewahing budaya. Bab menika boten saged kasandhet amargi budaya
menika asipat dinamis, boten statis saha tansah pados wujud enggal nuting jaman kalakone, kados siklus organisme.
Namung makaten, ampun ngantos budaya Jawa kanthi gampil kalindhes
kepara dene kasoran dhateng budaya modhern ing era globalisasi. Ing
wanci menika kathah bangsa manca ingkang sinau sarta nggilut budaya
Jawi, menapa bakal kalakon ing mangke kula lan panjenengan sadaya kedah
nyinau budaya Jawi ing negari manca? Mlebetipun muatan lokal basa Jawa
ing pamulangan dhasar ngantos menengah menika panci salah satunggaling
kupiya kagem nyembadani perkawis icalipun budaya Jawa. Siswa dipunwulang
wuruk babagan basa, sastra tuwin budaya Jawa kanthi pangajab sageda
nuwuhaken raos tresna, andarbeni saha angrungkebi dhateng budayanipun
piyambak. Sedaya punika betah metode saha cara ingkang cocog dhateng jiwaning para mudha, boten kedah lugu, lugas lan mlaha menapa wontenipun. Langkung betah variasi, kombinasi, kolaborasi, saha eksperimen
kagem mujudaken sedayanipun. Dene asilipun boten nguciwani, katitik
saking kegiyatan-kegiyatan budaya, taksih kathah para mudha ingkang
purun nyartani. Kadosta ing pentas drama Jawa, karawitan, kolaborasi etnik-modhern, beksan, macapat, kethoprak, lan sanes-sanesipun.
Para lenggah ingkang satuhu bagya mulya,
Modhernisasi
saha globalisasi panci nuwuhaken perkawis ingkang manekawarni. Sinten
ingkang boten siaga badhe kalindhes tuwin kasoran, wondene ingkang siaga
bakal katon manjila. Trep kaliyan kahanan ing jaman sapunika, kula lan
panjenengan sedaya kedah angulah lantiping budi, eling, saha emut kados
pangandikanipun KGPAA Mangkunegara IV ingkang sinerat wonten ing serat
Wedhatama pupuh Kinanthi menika:
Mangka kanthining tumuwuh
salami mung awas eling
eling lukitaning alam
dadya wiryaning dumadi
supadi nir ing sangsaya
yeku pangreksaning urip
marma den taberi kulup
angulah lantiping ati
rina wengi den anedya
pandak panduking dumadi
mbengkas kahardaning driya
supaya dadya utami
upamane wong lumaku
marga gawat den liwati
lamun kurang ing pangarah
sayekti karendhet ing ri
apese kesandhung padhas
babak bundhas anemahi
Para lenggah ingkang satuhu kinurmatan,
Makaten
ingkang saged kula aturaken lan mbokbilih kathah atur ingkang boten
nujuprana saestu kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami
panjenengan sadaya. Nuwun, maturnuwun.
Sesorah yaiku salah sawijining gancaran menehiinformasi marng wong akeh. Ancase sesorah yaiku :
Menehi informasi kanggo wong akeh
Menehi hiburan marang wonga akeh
Mbujuk marang wong kang ngrungokake
Sesorah yaiku salah sawijining gancaran menehiinformasi marng wong akeh. Ancase sesorah yaiku :
Menehi informasi kanggo wong akeh
Menehi hiburan marang wonga akeh
Mbujuk marang wong kang ngrungokake
AKSARA JAWA
Tuladha Tembang Macapat
ASMARADHANA
Duh wong wadon sing dak pikir
Wengi iki lagi nyapa
Aning kutha Ponorogo
Aku pengen nemu tresna
Ka kowe duk wong liya
Karya mukti wong ayu
Pun arimami asmara
KINANTHI
Dina iki aku mujur
Oleh biji apik-apik
Saka pelajaran jawa
Matur suwun Bapak Nadhiv
Pun awehan dhateng kula
Kula inget sampek mati
POCUNG
Bali ngudi ilmu kok langsung turu
Ora ngganceng apa
Gawean mung wira-wiri
Dhuh cah bagus elinga marang wong tua
MIJIL
Penguasa aja mung umbar janji
Ora ngganceng ndonya
Urip mung mikir awake dhewe
Aja mung dolan nang luar negeri
Mbokya padha tangi
Pikirna rakyatmu
GAMBUH
Budhal mancing esuk
Nunggu iwak sing glagepan metu
Nganti semene kok ora mbarokahi
Dhuh Gusti, tibak e kleru
Lali ora mbasang laron
MASKUMAMBANG
Awit biyen lan saiki aku tresna
Nang sliramu siji
Tapi ora ko tanggepi
Malah ninggalake tresna
PANGKUR
Jam pitu budhal sekolah
Kaya ngene rasane dadi murid
Wira-wiri saben esuk
Angudi kapinteran
Durung uwis lamun durung antuk biji
Biji saking Bapak Guru
Yaiku sing dak karepna
Tidak ada komentar:
Posting Komentar